Pada perayaan Hari Pendidikan Nasional 2011, di tempat kami diadakan lomba menulis puisi dan geguritan untuk para guru. Inilah hasilnya tulisan guru pada lomba tersebut.
GEGURITAN
SMP JABUNG
DR Nurhamdani
Umur wis kira kira 16 tahunan mlaku
Dumunung ana gigiring redi lawu
Kang adoh ratu cedak watu
Kang siswane akeh kang lugu
Kang biyen gurune padha kuru-kuru
Saiki tambah lemu-lemu
Saben dina tansah gumuyu
Amarga rapelan tansah lumintu
Ana Pak Arif Basuki kang isa jer basuki
Ana Pak Priyadi kang bisa gawe sumringahe ati
Ana Pak Budi kang hambeg ing budi
Ana Pak Ratno kang isa kanggo tuladha
Ana Pak Padmawan kang wicaksono cinandra Begawan Wibisana
Ana Pak Bambang kang pideksa cinandra Arya Penangsang
Ana Pak Wijayanto kang satria cinandra Janaka
Ana Bu Retno kang alus cinandra Sembadra
Ana Bu Ratmi kang sulistya cinandra Dewi Shinta
Ana Bu Sri kang trengginas cinandra Dewi Kunthi
Rikala semana…..
Diarani sekolah ndesa
Amarga adoh saka kutho
Diarani sekolah nggunung
Anarga ana ngisore barongan petung
Nanging saiki wis anja prestasi
Malah nganti tekan propinsi
Sanajan durung nomer siji
Nanging kang gawe gorehing ati
Ana siswa kang aran Rahayu saka Nggandhu
Anake tukang thithik watu kang olehe mung kena kanggo tuku bumbu
Ana siswa kang aran Diran saka Ngiliran
Anake buruh ing paran kang mung cukup kanggo tuku jajan
Ana siswa kang aran Widodo saka Karanggupito
Anake bakul telo kang mung kena kanggo mangan saben dina
Ana siswa kang aran Agung saka Jabung
Anake bakul pring petung kang mesti bingung yen bayar uang gedhung
Sanadyanta rekasa
Para dwija padha tansah reka daya
Amrih nuwuhake para satriya
Kang bisa ngarumne bangsa
Kairing donga marang kang kuasa
Muga para dwija tansah sareh ing ludiro
Muga bocah ndesa dadi kuncara
Kang bisa dadi tamba sayahe bapa
Ah……. kok ya …..rekasa……….
Duh…………gusti ……paringingana kiyat…..amien
Ratri Selasa Legi, Mei 2011
AMIT-AMIT
Dening : Bapa Dimyati
Iki geguritan
Gurit sakdermo lambe obah
Gurit mung papan kanggo istirah
Kanggo sayah apa kanggo kang makarya wegah
Gurit mung papan kanggo istirah
Kaya dene gubuk cilik ing tengah sawah
Amit-amit……..
Amit-amit…..
Jamane wis jaman edan
Lek ra ngedan ra keduman
Akeh wong lali marang Tuhan
Malah muja-muja setan
Amit-amit……
Amit-amit……
Saiki akeh wong keblinger
Dalam lurus pilih nabrak pager
Wong lanang gwene mingar-minger
Wong wadon gawene midar-mider
Amit-amit………
Amit-amit….
Ajining dhiri saka lathi
Ajining raga saka trapsila
Dadi wong aja kemlinthi
Lek kemlinthi bakal sulaya
Amit-amit…..
Amit-amit……….
Dhandhang diunekake kuntul
Kuntul diunekake dhandhang
Amit-amit…….
SAWAH
Durung ana lemah kang bisa nguripi
Yo mung sawah iku arane
Ya gene saiki kowe saya susut
Amarga kahanan donya kang saya mrucut
Dina siji
Maewu manungsa kang padha njebul
Ngebaki donya sing saya gundhul
Saka panase hawa kang sinebar
Minangka sebab polahe manungsa kang saya nasar
Iki sawah padha tinancep omah
Kamangka wong akeh padha pingin mamah
Sawah!
Aja nganti kowe lali ngetokake gabah
Bisa gawe ati dadi sumringah
OMAHKU
Najan cilik ananging bisa kanggo ndelik
Saka panase hawa
Lan
Padhange surya
Uga
Tetes udan ora teka
Nelesi raga
Omah sing tak bangun kanthi tetesing rekasa
Nganti-nganti ora ngajeni raga
Muga bisa ngumpulake tresna
Aku, garwa, lan putra
Omahku!
Panggonanku turu karo keluargaku
Sepira wae adoh anggonku mlaku
Bakal bali menyang lawangmu
Amarga, bisa gawe crita saben wektu
Omahku!
Najan cilik, muga bisa dadi panggonan kang becik
Obah lan polah tumindak sing apik
TRI
Tri, aku ngerti
Kumlebating sorot netramu
Ngandhakake garinging atimu
Saka welas asih lan katresnan
Kaya kebon jati kang katerak tiga dawa
Nganti lemah ing ngisor padha nela
Kaya bisa nguntal sakabehing rasa ing dhadha
Tri, aku ngerti
Beninging sorot netramu
Amung samudana
Saka petenging dalan urip kang kudu kolakoni
Sing nyatane isih dawa tan kena kinira, bakal kebak panalangsa
Nganti ati kaya mati, rasa kaya sirna
Kang Maha Kawasa uga kaya-kaya bakal ninggal slira
Nanging kepriye Tri,
Yen wong tuwa pancen ora kuwawa
Ngragati sira nganti tamat
Anggonmu luru ilmu ing pamulangan
Kang jare tanpa bea
Nanging nyatane,
Nekek gulu tanpa tepa selira
Kowe ngerti, Tri
Kanggo mangan saben dina wae awake dhewe tansah cingkrang
Beras lan uyah kepeksa ngutang
Apa maneh mikir omah kang luwih memper kandhang kewan
Durung adhi-adhimu kang uga butuh sandhang lan pangan
Nadyan mung kanggo ngiyup saka panas lan udan
Uga nyambung urip nganti awan
Kowe ngerti, Tri
Kowe lan adhi-adhimu dudu ahli waris bumi iki
Pamulangan kang katon cedhak ing netramu
Nyatane adoh tan bakal bisa ginayuh
Kaya-kaya ngranti udan ing awan kang panas kenthar-kenthar
Kaya pangimpen kang langka bakal dadi nyata
Tri, aku ngerti
Rasane tansaya ngrerujit ati
Perih………
Nganti kaya luwih becik mati
Ah……
Tri, apuranen aku
NDUK
Nduk anakku…..
Saiki jare jaman edan
Nek ra edan ra keduman
Kanyatan nduk……….
Saiki akeh prawan duwe anak
Akeh bocah takon bapake
Kebak wirang
Nduk anakku……
Saiki akeh prawan dandhang cingkrang
Yen dielikke
Aku emoh keri ing jaman
Kuna…..
Nanging nduk anakku………
Dadiya wanita kang utama
Kang bisa njaga lathi, busana dan solah bawa
Manut mituhu dhawuhing pra wasis
Ing kono dalaning kasampurnan
Nduk anakku………
Alingo piwelingku
Sak beja-bejaning wong kang lali
Isih luwih beja kang eling lan waspada
RING TAMAN PAMULANGAN
Dikancani kriwikan sak dawane dalan
Bang-bang wetan katon ana sisih wetan
Srengenge cumlorot semburat madhangi jagat
Nggugah sulung kang dolan ing alam ngimpi
Kairing swara ceh ocehan
Dikancani kriwikan sak dawane dalan
Sulung mlangkah tumuju krenteging ati
Napak dalan kang isih teles
Nuju ring taman pamulangan
Nggayuh karep sinau kabecikan
Ngenteni pituturing dwijo guru nyadhong dhawuh lan ngilmu
Ing pamulangan
Bebandha dluwang secuwil pulpen setugel
Sulung ngudi kawruh kang becik
Nggo sangu marang kadewasan
Nganti lingsir srengenge ana sisih kulon
Suku cilik mlangkah ngjoget sak nduwuring watu-watu ratan
Nuju mulih bapa biyung
Karep ngimpi sadi kasunyatan
PIWELING
Ngger………
Piwelingku marang kowe
Sangune wong urip iku
Mituhu, tawakal lan katresnan
Ngger….
Mituhua marang pangeranmu lan wong tuamu
Tawakala mring samubarang
Aja gampang kendho ing ngarep
Madhep mantep lan percaya
Kabeh bakal tinemu
Ngger….
Aja lali katresnan
Marang ing sapepadhamu
Kaya dene yen kowe nresnani awakmu dhewe
Dhemena tetulung lan weweh
Ngger….
Ing kno bakal kuwat, kukuh lan satosa uripmu
Jer kabeh kanthi manembah marang gusti
TERSNANKU
Yen tebih angangeni
Yen caket anggawe leren ing manah
Yen ngendika anambah kawruh katemenan
Yen sinebat anggaawe enget mring Gusti Allah
Yen dineleng anggawe sareh ing penggalih
Oh……..
Kados pundi puniku sajake tresna kang sejati
Bombong manah lamun saged andarbeni
Ing ngendi dununge tak goleki
PUISI
PEREMPUAN KECIL BERHATI EMAS
Ufuk timur merona merah menghias angkasa
Sang mata langit menyeringai menelan sepi
Mengubah mimpi menjadi duka
Perempuan kecil berhati emas….
Mama tersenyum manis
Berucap manis mengantarkan kepergian buah hatinya
Tanpa tahu apa yang ada di benak si kecil
Perempuan kecil berhati emas….
Kakinya yang bersepatu menapak berat di atas bebatu jalan
Melangkah dengan seonggok beban yang tersimpan di balik tirai hatinya
Menuju pesan sang dwija yang telah menunggu
Perempuan kecil berhati emas….
Berbekal doa mama tergantung dipundaknya
Dengan secarik kertas dan potongan pena dalam tasnya
Berharap mendapat apa yang menjadi citanya
Satu… dua… tiga… bahkan lebih beban yang dipikulnya
Perempuan kecil tetap tersenyum
Demi sebuah harapan dari sang penguasa
Demi kehormatan yang bukan menjadi haknya
Perempuan kecil tetap tegar
Kadang perempuan kecil itu bertanya…
Untuk apa aku belajar….. untuk siapa aku bekerja
Kapan aku dapat berdendang dengan teman-temanku
Lusa…. esok…. atau nanti
Perempuan kecil pun pulang…
Berharap malam menemani tidurnya
Mengharap dewa mimpi menghibur letihnya
PONGAH
Punya satu inginnya seribu
Punya gaji, inginnya tertinggi
Punya rumah, inginnya termewah
Punya motor, inginnya traktor
Punya carry, ingin sedan mercy
Punya anak, inginnya enak
Jadi anak buah, maunya tidak kalah
Jadi bawahan, maunya melawan
Jadi pemimpin maunya tercermin
Jadi juragan maunya arogan
Jadi atasan maunya kebablasan
Jadi kepala, maunya mahkota raja
Satu istri katanya rugi
Istri taat katanya keparat
Istri penurut katanya suka nuntut
Istri pemalas katanya
Istri pecundang katanya sering bimbang
Istri sholikhah katanya tidak bergairah
Itulah figur manusia terkini
Selalu jadi misteri
Derajat tidak pernah terangkat
Martabat bukanlah hakikat
Qolbu senantiasa tersumbat
Bisakah kita dari anas menjadi insan
Yang sering membuat orang terkesan
Bisakah kita dari insan menjadi basar
Yang selalu berjiwa besar
Bisakah kita dari basar menjadi khalifah
Yang selalu berpegang amanah
GURU
Setiap pagi kau memburu waktu
Menyusuri jalan yang berliku
Dengan niat ikhlas tanpa pamrih
Tanpa kenal lelah maupun letih
Guru…
Alangkah besar jasamu
Alangkah mulia pengabdianmu
Semangat juang tiada tara
Demi mencerdaskan anak bangsa
Guru…
Tak dapat ku balas jasamu
Sampai kapanpun tak terukur waktu
Kau titipkan bangsa dan negara
Di tangan dan pundakmu
Guru…
Alangkah besar jasamu
Engkau sebagai pelita dalam kegelapan
Engkau laksana embun penyejuk dalam kehausan
Engkau patriot pahlawan bangsa
Tanpa tanda jasa
GELISAHKU
Kadang aku berfikir
Mengapa perjalanan hidup ini penuh liku
Kadang aku terheran…
Dengan kondisi hatiku….
Kadang logika berjalan
Namun tak mampu menjawab seribu tanya dihatiku
Harus bagaimanakah aku…
Kegelisahanku dan kegamangan selalu menemani hatiku
Aku segera berlari…menjauhi….
Dari semua hal yang membuat hatiku tak menentu
Nyatanya… aku tak mampu….
Selalu begitu…
Tuhan…
Ternyata hanya dengan bersimpuh di hadapan-Mu
Aku merasa tenang
Hanya dengan menyebut nama-Mu
Langkahku tak lagi gamang
Aku bersujud keharibaab-Mu ya Allah
Ampuni segala salah dan khilaf
Tuntunlah hamba-Mu dengan selendang rahmat-Mu
Agar aku mampu merasakan nikmat cinta-Mu
Tuhan …
Tanpa bisikan petunjuk-Mu
Langkahku tentu tak terarah
Tanpa tatapan lembut mata-Mu
Aku hamba-Mu yang lemah
IX C
Susahnya jadi wali kelass sembilan
Tapi asyiknya dan penuh tantangan
Kelas indah penuh pesona
Karena banyak cerita cinta
Mas Pego sang ketua
Manis banget kalau ketawa
Cewek cakep nan setia
Si Didik yang ingin jadi tentara
Biar hitam tapi wibawa
Ada Wida sang pujaan hati
Yang bermimpi jadi dai
Mbak Febi sang idola
Bikin wali kelas dipanggil mertua
Gadis manis yang bikin pusing kepala
Indah Istiyani namanya
Pak Bambang wali kelasnya
Tampangnya ganteng kata istrinya
Yang berjiwa anak muda
Suka utak utik rumus Fisika
Tiap hari IX C selalu suntuk
Jam terakhir pasti ngantuk
Kelas IX C penuh cerita
Karena banyak cerita cinta
MIMPI
Kadang aku bermimpi
Pingin jadi dokter
Agar bisa menyembuhkan orang-orang
Dari virus mumet
Kadang aku bermimpi
Pingin jadi psikolog
Agar bisa membantu orang-orang
Mengatasi masala tanpa masalah
Kadang aku juga bermimpi
Pingin jadi insinyur
Agar bisa membantu orang-orang
Yang belum punya rumah
Tapi ternyata
Aku jadi seorang guru
Dan ternyata bukanlah sebuah mimpi
Horeeee……. aku jadi guru
Akan aku ciptakan seorang dokter, seorang psikolog, seorang insinyur
Bahkan mungkin seorang presiden
Dan ini bukan mimpi
AMPUNILAH AKU
Tuhan……….
Ampunilah diriku
Yang tak pernah mau tahu
Akan arti sebuah
Cinta kasih sejati
Kesetiaan
Kerinduan, dan
Keikhlasan
Tuhan………
Kasihanilah aku
Yang masih menyimpan berjuta rasa rindu
Yang berkumul di relung kalbu
Begitu menggebu dan menyesak dada
Hingga hati merapat pilu
Tuhan……….
Maafkanlah diriku…..
Bila hati ini masih meratap
Karena…….
Seuntai kasih yang pernah sirna
Segenggam janji hanya mimpi
Sebongkah rindu merasuk kalbu
Sekeping cinta yang ternoda dan luluh lantak
Tuhan……..
Sayangilah diriku….
Karena cinta yang pernah ada masih tersisa
Begitu menggelora dan meyeruak jiwa
Hingga membakar emosi dalam dada
Dan membuat diri merana
Tuhan……….
Ampunilah aku
Ampunilah aku
Dan……
Ampunilah aku
MAK
Mak,
Aku rindukan pagi harum bunga melati
Aku rindukan hari harum mentari
Membakar jasad yang merindukan debu-debu kapur
Mak,
Aku rindukan percik air langit
Mencumbu tubuhku
Menerobos lenganku yang merengkuh melindungi buku-buku
Mak,
Aku mau kembang goyang melenggok di kepalaku
Warna merekah di bibirku
Sandal jinjit dan berjarit bagaikan sang ratu
Mak,
Maafkan aku
Hanya bisa membisu dan terpaku
Jangankan berjinjit, bangkit saja aku tak mampu
Mak,
Percayalah janjiku
Kan kupetik bintang-bintang di langit biru
Karena emak memimpikan itu
Mak,
Saat jarum-jarum ini dicabut dari tubuhku
Saat aku tak lagi di ruang icu
Kan kupenuhi janjiku











Yang berbaik hati